PENGEN KETEMU
Sasangka wengi iki ngelengake aku
Menawi anggonmu ngancani siraku
Anggonmu kang madangi nala iki
Nanging sliramu neng ngendi...
Ilang ora ngerti...
Budhal ora ngandani...
bekas iki mblrut ati
Udan tangis paningal iki.
Angin sumilir ora bisa nambani..
Aku pingin ketemu.....
Nanging ora bisa,
Semono uga welas iki ora bakal sirna
Aku kudu marta,
aku kudu kuwawa,
Aku kudu nggolekki anggonmu,
Supaya bisa nggayuh pangarep-arep iki,
Gegayuhanku mung eka,
Supay bisa bebarengan karo sliramu,
Lan bisa ketemu nalika ing impenku...
Duh tresna aku pingin ketemu..
puisi jawa
AYO GOTONG ROYONG
Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane
Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki
Kabeh pakaryan linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja

AYO GOTONG ROYONG
Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane
Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki
Kabeh pakaryan linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja
LAYANG SUWOROEsok mau aku pingin ngucapne...
Tahun baru hijriah...marang panjenengan kang mas..
Ora nyono ora ngimpi...
Naliko arep dak kirim...jariku salah pencet
Opo iki sing diarani..nasip lagi apes
Layang suworo teko panjenengan
Ilang kabeh....
Yen panjenengan takon...
Opo rasane atiku...naliko layang suara ilang...
Aku getun...ananging mung sithik..
Kahanan iki sing ngawe aku nyimpen
Sewu pitakon sing dhak jawab dewe
Ora ono sing kebeneran...
Kabeh kuwi kasane...Sang Gusti
Awake dewe iki mung wayang...kang mas...
Opo jare dalang...obah ngiwo opo obah nengen
Crito ono pambukane...ono ugo pamukasane
Tak jalok marang panjenengan...ayo di tompo kanti nglegowo
MAHAMERUAlon liwat angin ardi
angin anganti angkuping yayah wibi
tembang saka sambarang satwa
iramane alus ngumandang harmoni
Rembulan liwat
kabeh lintang sumebar
cahyane abyor gumebyar ing langit
marekake ati tentrem
Kabut kandel nutupi wit-witan
hawa adem sumilir liwat
Aku trimo kahanan alasmu
sakjerone nggonmu opo anane
‘Mahameru kang digadhang
NGANGSU KAWRUHNglangi wonten bebrayan ing sesaminipun
aja lali nyuwun pangestu
marang rama ugi biyungmu
Ngangsu kawruh mugi piguna
tumrap nusa bangsa menyang nagara
lan saged migunani sliramu pribadi
Matur-nuwuna marang gurumu
guru ingkang kebak asih
guru ingkang sabar
ingkang sampun nggulawentah kowe
lan sayekti pakaryan luhur
Ngangsu kawruh ora mlirik umur
ngangsu kawruh uga ra ndelok rupa
ngangsu kawruh ugi ora mlerok drajat
Terusken anggonmu ngangsu kawruh
jer wus sabaya pati

LINTANG-LINTANG
Lintang~lintang abyor ing tawangcumlorot sliweran nalika alihankumleyang mencok ing socamu asihkucahyane gumebyar sunare gilar~gilaring telenge atimu sliramu tansah dakantuLintang~lintang alihancumlorot teluana pundhakkukawitan lintang abang litang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsanpungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
DAHANAGeni iku dahana
Dahana iku dadi mitrane manungsa
Yen mung samadya...............
Nanging, yen dahana murka
Manungsa bisa cilaka sengsara.....
Bondo donyo pada ilang musna
Kepangan dahana kang murka
Nanging..........
Yen ora ana dahana
Manungsa ora duwe tenaga
Dahana......
Awakmu piguna kanggone manungsa
Gawe diyane manungsa saben dina
Matur nuwun dahana dak aturna.........
Tak dongakno awakmu gesang sampurna
Saengga manungsa bisa duwe tenaga
Bisa makarya kanggo raharjaning keluarga....
Matur nuwun dahana
puisi jawa
NYENGKRING
Blegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Ajo milih raja wang kang cinatur
kayata ;
Gali, Maling, Bajingan, lan gentho
Walah nyengkring
Ayo padha nata nagara
Destarata dadi raja yowis kelakon
Bagong dadi raja yowis kelkon
Gareng dadi raja yowis kelakon
Petruk dadi raja yowis kelakon
Rakyate yomung poadha blo'on
Ayo padha nata nagara
Miliyo raja wong kang cinondra
Sak karepmu pikiren dewe
Ora arep ngarubiru
Wongcilik oklak aklik
Ora melu otakatik
Ora meli blantik
Ora melu nlentik
Ning isoku mung njentik
Blegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Raja saiki kupinge manci
konangan korupsi kaya banci
Wani buntut rawani rai
Pekatike sing ngompori
Blantike sing nyongori
walah nyengkring
Blegudeg humel humel
Ayo padha nata nagara
Dadi raja golek pangupo jiwa
Ragelem rekasa
Ragelem prasaja
Ngayawara tuku swara
Iki kasunyata ngapusi wong ndesa
Uripe ngrusak nagara
Akhire nang jero kunjara
Anak bojo kelaralara,
Melu nanggung sengsara
Maune uripe nang kutha
ngindari menungsa golak warto
Banjur ngungsi nang ndesa
Diasingna karo tangga
Walah walah timen..........
NYENGKRINGBlegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Ajo milih raja wang kang cinatur
kayata ;
Gali, Maling, Bajingan, lan gentho
Walah nyengkring
Ayo padha nata nagara
Destarata dadi raja yowis kelakon
Bagong dadi raja yowis kelkon
Gareng dadi raja yowis kelakon
Petruk dadi raja yowis kelakon
Rakyate yomung poadha blo'on
Ayo padha nata nagara
Miliyo raja wong kang cinondra
Sak karepmu pikiren dewe
Ora arep ngarubiru
Wongcilik oklak aklik
Ora melu otakatik
Ora meli blantik
Ora melu nlentik
Ning isoku mung njentik
Blegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Raja saiki kupinge manci
konangan korupsi kaya banci
Wani buntut rawani rai
Pekatike sing ngompori
Blantike sing nyongori
walah nyengkring
Blegudeg humel humel
Ayo padha nata nagara
Dadi raja golek pangupo jiwa
Ragelem rekasa
Ragelem prasaja
Ngayawara tuku swara
Iki kasunyata ngapusi wong ndesa
Uripe ngrusak nagara
Akhire nang jero kunjara
Anak bojo kelaralara,
Melu nanggung sengsara
Maune uripe nang kutha
ngindari menungsa golak warto
Banjur ngungsi nang ndesa
Diasingna karo tangga
Walah walah timen..........
puisi jawa
ANOMAN
Sampun Rawuh Anoman, wonten ing tanah Ngalengka
Anoman, diutus dhateng Sri Rama
Ningali narya Sang Dewi Shinta
Kanthi Kahanan ingkang nrenyuhaken manah
Tinon marta pancakara nglawan Rahwana
Sitoresmi lan Srengenge tinon esti mbelani
Anoman, dados duta ingkang birawa lan kendel
Prawira ingkang misuwur
Ananging mboten rumangsa dhuwur
Anoman dados guruh gurnita sengsara dhateng Rahwana
Kanthi restuning Bathara, ngobong Ngalengka
Jaya dahana yasa yogya
Dados usada udrasanipun Dewi Shinta
ANOMANSampun Rawuh Anoman, wonten ing tanah Ngalengka
Anoman, diutus dhateng Sri Rama
Ningali narya Sang Dewi Shinta
Kanthi Kahanan ingkang nrenyuhaken manah
Tinon marta pancakara nglawan Rahwana
Sitoresmi lan Srengenge tinon esti mbelani
Anoman, dados duta ingkang birawa lan kendel
Prawira ingkang misuwur
Ananging mboten rumangsa dhuwur
Anoman dados guruh gurnita sengsara dhateng Rahwana
Kanthi restuning Bathara, ngobong Ngalengka
Jaya dahana yasa yogya
Dados usada udrasanipun Dewi Shinta
puisi jawa
SEKAR KINASIH
Kesuma
Arum sinebar sembriting bayu
Sekar kinaseh tan ora bisa layu
Tansah nembangne rasa ing kalbu
Angebaki wernane wengi kang saya lumaku
Sliraku kang njalari runtik ing atimu
Ora bisa nebus lumampahing wektu
Amung sewu ayang-ayang
tansah angreridu
Tansah ngelingke mring gandha arume katresnanmu
SEKAR KINASIHKesuma
Arum sinebar sembriting bayu
Sekar kinaseh tan ora bisa layu
Tansah nembangne rasa ing kalbu
Angebaki wernane wengi kang saya lumaku
Sliraku kang njalari runtik ing atimu
Ora bisa nebus lumampahing wektu
Amung sewu ayang-ayang
tansah angreridu
Tansah ngelingke mring gandha arume katresnanmu
Copyright ©
puisi japan | Powered by
Blogger